Tuesday, 3 March 2015

Drama bahasa jawa : "DEG-DEG"



Bapak lan welas ana ing teras omah. Bapak maca koran lan welas nyapu teras
Bapak    : yen nyapu sing resik Las!
Welas    : enggeh pak. Pak, nyuwun persa, mbak Dewi kog dereng manthuk teng pundi ?
Bapak    : Pamite neng sekolahan merga enek acara Osis. Jere baline wengi. Ya dari pada anak ku bali wengi dewe mending tak kongkon nginep mae kanca ne ae ta Las?
 Welas   : Pantes mawon ibu mboten wonten esemipun ngawet enjing.
Bapak    : we ki kaya ora eruh ibu ae Las Welas. Isuk isuk nyruput kopi ya enak Las. saiki gawekna aku wedang kopi.
Welas    : Enggeh. Rumiyen pak
Ibu         : (teka saka jero omah) Ndang ta pak pak. Ayo neng kantor polisi. Anak mu wedok sampek yaene urung bali sanu enek apa-apa.
Bapak    : sek ta bu sek. Iki perkara ya urung bisa di laporne polisi amerga durung ana 2x24 jam. Sabar ae, Dewi bali kanthi awak uthuh
Ibu         : Bapak ki ngawet isuk mung muni sobar sabar ae. Ibu sing gembol ngetan ngulon 9 sasi, ngeden pol polan wayah dewi arep metu. Pokoke yen bapak emoh goleki dewi lan dewi tatu aku njaluk pegat
Bapak    : Piye bu? Pegat?! Bu bu yen omong di saring disek ta
Welas    :  (gawa kopi saka jero omah ) nyuwun sewu pak buk. Niki pak unjukanipun
Ibu         : pokoke kudu di goleki pak. Mboh piye carane. Welas, ndang golek sayur kono. Bapak ibu arep kog suguhi rampanan gawe sarapan po piye?
Welas    : enggeh bu enggeh
Bapak    : Wis ibu aja nangis wae. Ndang mlebu omah kono
####Bapak ngopi nyambi maca koran ing teras omah
Welas    : (teka saka latar omah kanthi panik) Pak bapak, mbak dewi pak mbak dewi
Bapak    : Loh loh lagi bali wis bengokbengok. Endi blanjanan mu?
Welas    : Kesupen pak. Lha tukang sayuripun mboten ganteng geh kula males badhe tumbas.
Bapak    : Las welas. Saiki ana apa karo dewi:
Welas    : niku pak, mbak dewi di gandeng om om teng prapatan mriku.
Ibu         : He? Apa Las? Dewi anak ku karo om om? Pak, ayo ndang di jak muleh ae pak bocahe. Ibu samar ana apaapa
Bapak    : ora bu. Dewi ora nyapo nyapo. Wis ayo padha mlebu kabeh. Dewi di tunggu baline wae.
(ing jero omah ibu lan bapak nunggu dewi. Ora suwi dewi teka)
Dewi      : assalamu’alaikum. Dewi manthuk.
Ibu         : Ya Allah dewi anak ku. Kowe ora apaapa ndhuk?
Dewi      : mboten bu. Ibu niki teng napa ta?
Bapak    : kowe mau karo sapa ndhuk.
Dewi      : kalih ommm….
Ibu         : Om sapa?
Dewi      : Niku tiyangipun teng jawi
Bapak    : (ngongak neng jobo) lah dalah lha iki Om Firman saka jakarta bu tibae. Mangga om pinarak mriki.
Pklik       : Matur suwun. Sudah lama nggak ke jawa. Sampek lupa aku jalan ke rumah abang ini
Bapak    : Las welas. Om firman gawekna wedang! Iki piye ceritane kog bisa Om mlaku karo Dewi?
Paklik    : Ini tadi saya telepon dewi. Saya suruh dia bilang ke abang supaya jemput saya. Tapi kata Dewi dia sedang di jadi panitia di sekolahnya. Ya saya ke sana. Sekalian lihat sekolahnya Dewi
Ibu         : Kog geh mboten sanjang rumiyen paklik niki menawi badhe mriki
Paklik    : sengaja aku nggak bilang. Biar jadi kejutanlah
Welas    : Niki wedangipun. Bu ibu , om firman ganteng, kula geh purun bu hehehe
Ibu         : apa ta las las. Wis ra sah
Bapak    : terus kowe nyapo ndhuk kog ora ngabari wong ngomah yen rodok nelat balimu?
Dewi      : pulsa kula telas pak badhe telpon, terus niku arta saking ibu mpun kula bayaraken iuran rutin anggota osis.
Paklik    : ya lain kali gak usah di ulangi. Pinjamlah hp temen mu sebentar buat telepon bapak kau dewi
Bapak    : bener kui ndhuk. Di rungokne jerene paklik mu
Dewi      : Nggeh bapak, enggeh paklik

No comments:

Post a Comment