Tuesday, 3 March 2015

Contoh CERKAK "WUTHA DONYA"



TUGAS BAHASA JAWA
“CERKAK”
Donyane Jilbab           :
                                    Pasmina
                                    Ciput
                                    Syal ninja
                                    Kombinasi
                                    Jilbab Paris
Karakter                      : 
            Fisik                : Umure 17 tahun                    dhuwure 150an
                                    Putih                                        Ayu
Sikap               :Sabar, polos, santun, nurut marang wong tuwa
Kebiasaan        : melu kegiatan OSIS SMA 45 Ponorogo
                        Ngresiki omah saben isuk
Keluarga          : sederhana
                        Bapake kerja ana ing luar
                        Anak tunggal
Jeneng                         : Eka Rahayu Putriana
Konflik                        : Eka bocah umur 17 tahun kang wis nduwe pacar.Eka daftar ana ing SMA 45 Ponorogo. Dheweke ayu dadi akeh cah lanang kang ngeser, salah sijine yaiku Ridwan ketuaOSIS SMA 45. Ridwan nembak Eka ananging Eka nolak Ridwan dadi pacare.




“WUTHA DONYA”
            Suara manuk emprit awan iku merdu banget, bisa gawe pengiringe wong turu awan. Hawa panas kang nyorot donya gawe kabeh wong pilih ana ing jero omah wae tinimbang metu. Kabeh omah-omah katon sepi. Ananging ana salah sawijining omah ana bocah wedok ayu lingguh ana ing ngarep omahe. Cah wedok kang gawe Pasmina lan syal ninja iku jenenge Eka. Pancen Eka lagi nunggu pacare kang janji bakal ngeterke dheweke daftar ing SMA 45 Ponorogo.
            “Piye Ndhuk, Alif sida ngeterne kowe?” takone Ibune Eka metu saka jero omah.
            “Enggeh Bu. Mas Alif pun tindhak mriki” saure Eka sinambi ngetik SMS.
            Ora suwe ana motor vespa mandhek ing latar omahe Eka. Tamu iku Alif, wong kang wis 4 tahun macari Eka. Alif gawe klambi hem kang ora iso nutupi wetenge kang gendhut, warna heme cocok banget karo kulite kang putih.
            “Assalamu’alaikum. Bu ngapunten geh kula nembe mriki” ucape Alif marang Ibune Eka
              “Wa’alaikum salam. Gak apa-apa Le. Saiki wis ndang baturana Eka daftar ya Le. Muga-muga Eka ketrima ning SMA 45 kaya kang di jaluk Bapake sing kerja rekasaa ing Malaysia” Kangkone Ibue Eka.
            “Geh pun Bu. Kula kalih Mas Alif bidhal rumiyen. Assalamu’alaikum” Eka pamit lan salaman marang Ibu e banjur di tututi marang Alif ing mburine.
            Isuk iku Eka ketok kebingungan ing ngarep omahe sinambi pisan-pisan ndheleng HPne. Latar kang urung di sapu iku wis ora di gathekno marang Eka. Ora suwe HP-ne muni.Age-age Eka ndhulek HPne kang gedhi iku.Esem kang sumringah ngembang ing lambene Eka kang abang.Ibue Eka kang nginceng saka jendela omah terus metu nyedheki anake kang ndhuwe dhuwur 150-an iku.
            “Ana apa ta Ndhuk kog isuk-isuk wis mesem-mesem ki?” takone Ibue Eka.
            “Niku lo Bu, Mas Alif ngabari kula ketampi dados murid teng SMA 45” saure Eka karo nambahi eseme
            “Alhamdulillah. Ya wis tak kabarane Bapakmu. Wis ndang di sapu latare” Ibue Eka mesem marang anake.
            Pirang-pirang dina Eka mung glubet ana ing jero omah wae. Iki dina Eka wis siap budhal sekolah.
Sragam biru enom karo biru navy kui kombinasi kang endah ing awake Eka. Jilbab paris segi papat karo bros kang nancep ing dada ne Eka nambahi aura sabar ing wajahe cah ayu iku. Ya jenenge wong ayu, akeh banget wong lanang kang nglirik. Lagek wae hari pertama sekolah akeh cah lanang kakak kelas kang jaluk nomer Hpne Eka, salah sijine yaiku Ridwan. Ridwan iku cah lanang bagus kang pinter,sugih,lan dadi ketua OSIS ing SMA 45. Ridwan uga di juluki malaikate donya marang kanca-kanca-kanca wedhoke.
            Tahun ajaran baru berarti tahun pergantian OSIS SMA 45 kang anyar. Ridwan,ketua OSIS ganteng iku milih Eka dadi anggota OSIS SMA 45. Ya, pancen iku salah siji carane Ridwan ben bisa nyedheki Eka terus. Eka kang dadi bocah anyar ing sekolah iku mung bisa ngiyani wae.
            Dina ganti dina, sasi ganti sasi, Ridwan saya pinter nyedheki Eka. Saka ngajak Eka dolan, mara ning omahe sampek nukokne Eka barang-barang senengane Eka  wis di lakoni Ridwan supaya bisa ngenekne atine cah ayu,putih,lan sholekhah iku . pernah rRidwan nembak Eka ananging di tolak.Eka ora pengen terus cedhek karo Ridwan. Dheweke pengen ngalih saka Ridwan tapi gak weruh piye carane.
            Sore iku bocah-bocah OSIS SMA 45 ngadakne kegiatan renang ana ing sekolahan. Kaya biasane, Eka wis pamitan karo ibu e yen mengko bakal renang sak wise sekolah. Ananging wayah Eka lagi renang karo kanca-kancane, HP ne muni terus. Telpon iku saka Ibu e. Eka ora ngecek HP ne pisan wae amerga awake teles kebes.
            Kira-kira sak jam sak wise Ibune telpon, ana Alif ning sekitar sekolah kui. Alif ngingeti Ridwan kang awake teles kebes. Alif nyedhaki Ridwan.
            “Dek, kowe kenal Eka?” takone Alif
            “Geh mas. Eka tasik renang.”saure Ridwan
                          “ualah. Ya wis dek, Makasih “ ucape Alif karo mesem banjur ninggalake gon sekolahe Eka.
            Bengi iku Ridwan ora bisa konsen sinau. Dheweke kepikiran sapa wong lanang kang Goleki Eka sore mau, enek perlu apa kog sampek goleki Eka ing sekolahan. Ridwan nyekel HPne banjur SMS Eka. Dheweke nakokake sapa wong lanang mau sore iku.
              “Iku Alif. Wong kang wis 4 tahun macari aku. Aku wis enek sing nduweni. Aku ora isa karo kowe. Aku gak butuh wong kang pinter donya,sugih duwit lan ganteng. Sing dhak pengeni banget ya iku wong kang pinter donya akhirat lan sugih ing akhirat. Aku ora wutha donya” balesane Eka liwat SMS.
            Saiki Ridwan paham nyangapa Eka ora gelem nerima dheweke dadi pacare. Ora krasa pipine Ridwan teles amerga eluh kang metu saka matane.

No comments:

Post a Comment